}

Daftar Menu

Rabu, 13 Agustus 2014

Petunjuk dan Larangan




PITUDUH
 
1.     Pangeran nitahake sira iku lantaran biyungira, mula kudu ngurmati biyungira
2.     Kahanan donya ora langgeng, mula aja ngegungake kesugihan lan drajatira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini.
3.     Sing sapa lena bakal cilaka
4.     Enoma, bagusa, isih darah lan warasa kae, yen kapinteran ora duwe, kucem raine, tanpa cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora wangi ora barang.
5.     Sing sapa ora gawe becik marang liyan, aja sira ngarep-arep yen bakal oleh pitulungan ing liyan.
6.     Sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
7.     Kapinteran iku sarana ngupaya boga, tuking boga saka nyambut karya
8.     Rumangsa melu handarbeni.  Wajib melu hanggondheli mulat sarira hangrasa wani
Pangeran iku ora sare,ora samar
 
WEWALER

1.     Aja sira deksura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
2.     Aja seneng mamerake bandha lan ngegungke pangkat, sebab bandha bisa lunga, drajat bisa oncat.
3.     Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
4.     Aja gawe seriking atining liyan
5.     Aja ngece wong ora duwe
6.     Aja adigang, adigung, adiguna
7.     Aja pisan nacat ing liyan,ora ana wong kang ora cacat
Aja lali piwulang kang becik

Tidak ada komentar: